Bathik

Bathik Indonésia

Bathik iku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginakaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kapungkur. Asal tembung bathik yaiku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) kang tegesé: nggambar utawa nulis.

Werna-warna utama bathik Jawa yaiku warna biru nila lan Soklat (warna). Celupan biru lan soklat kang digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).

Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing bahan sandhangan. Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong prakara. Sing sapisan, cara mernani (gawé warna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak warna ngresep ing kain. Ing literatur Internasional, tèhnik iki ditepungi kanthi peparab wax-resist dyeing. Pangertèn kaloro yaiku kain utawa busana kang digawé kanthi migunakaké cara mau, kalebu kagunan motif-motif tartamtu kang kas.

Bathik Indonésia, kanthi midhangetaké sakabèhané tèhnik, tèknologi, sarta motif lan budaya kang gepok-sénggol, déning UNESCO wis dikukuhaké dadi Warisan Kamanungsan kanggo Budaya Lisan lan Ora Wujud Barang (Masterpieces of the Oral and Intangible Heritage of Humanity) wiwit 2 Oktober, 2009.[1]

  1. www.unesco.org

Bathik

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne