Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Gedhang

Gedhang
Wit gedhang karo jantungé
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Zingiberales
Famili: Musaceae
Génus: Musa

Gedhang [gədʰaŋ] kalebu tuwuhan woh-wohan kang asalé saka tlatah Asia Kidul-Wétan kalebu Indonésia.[1] Gedhang banjur ditandur uga ing Afrika utawa Madagaskar, Amérika Kidul lan Amérika Tengah.[1] Ing Jawa Barat, gedhang diarani Cau, lan ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan, yèn ngoko jenengé gedhang lan yèn krama jenengé pisang.[1]

Gedhang bisa diklasifikasèkakè dadi papat, yaiku:[1]

  • Gedhang bisa dipangan tanpa dimasak dhisik.[1] Kaya ta M. paradisiaca var Sapientum, M. nana utawa M. cavendishii, M. sinensis. Kaya ta gedhang ambon, susu, raja, cavendish, barangan, lan mas.[1]
  • Gedhang kang dipangan sawisé wis digodhog, kaya ta M. paradisiaca forma

typica, diarani uga M. paradisiaca normalis, Kaya ta pisang nangka, tanduk lan kêpok.[1]

  • Gedhang kang ana wijiné, yaiku M. brachycarpa.[1] Ing Indonesia,gedhang jinis iki kang digunakaké mung godhongé,kaya ta gedhang batu utawa klutuk.[1]
  • Gedhang kang dijupuk seraté, umpamané gedhang manila (abaca).[1]

Gedhang duwé akèh gizi kanggo keséhatan. Gedhang yèn mateng rasané lêgi.[2] Lumrahé kandhutané gizi ing saben woh gedhang mateng yaiku 99 kalori, protéin 1,2 gram, lêmak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, sêrat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, bêsi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg lan banyu 72 gram.[2] Gêdhang bisa gawé séhat, mulané gedhang bisa dipangan saben dina kanggo buah.[2] Gedhang salah sawijiné woh-wohan kang akèh sêrat.[3] Gedhang ngandhut lemak mung sithik lan gampang dicérna.[3] Karbohidrat ing gedhang kurang luwih ana 23-35%, lêmak 0,2% lan nduwé bahan nabati liyané, Gêdhang uga bébas kolésterol.[3] Gedhang 100 gram duwé 120 kalori, gêdhang uga duwé kalium, magnésium, sélénium, bêsi lan vitamin.[3] Gedhang uga bébas natrium.[3] Gedhang ngandhut vitamin B-6 kanggo kaséhatan méntal lan kaséhatan.[3] Kurang vitamin B-6 bisa nggawé wong gampang kesel, gampang nesu lan angèl turu.[3] Gedhang uga bisa nglancaraké buang air besar lan nyêgah kankêr usus besar, amarga gedhang akèh seraté.[3] Saben gedhang nduwé 467 mg kalium.[3]

  1. a b c d e f g h i j [https://web.archive.org/web/20101224103255/http://www.warintek.ristek.go.id/pertanian/pisang.pdf Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine. Situs Ristek] Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 April 2011)
  2. a b c www.resep.web.id Archived 2011-10-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 April 2011)
  3. a b c d e f g h i Situs compas(dipunundhuh tanggal 3 April 2011)

Previous Page Next Page






Piesang AF Banane (Frucht) ALS ሙዝ AM Pawli AMI Banana AN Banan ANG موز Arabic ܡܘܙܐ ARC بانان ARY موز ARZ

Responsive image

Responsive image