Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Barabudhur

Barabudhur
Jeneng lugu
Jawa: ꦧꦫꦧꦸꦝꦸꦂ
Barabudhur, Sasana Pusaka Jagat UNESCO
PernahMagelang, Jawa Tengah
Koordhinat7°36′29″S 110°12′14″E / 7.608°S 110.204°E / -7.608; 110.204Koordhinat: 7°36′29″S 110°12′14″E / 7.608°S 110.204°E / -7.608; 110.204
KayasaKaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata.
Kawaluyakaké1911
DiwaluyakakéTheodoor van Erp
ArsitèkGunadharma
JinisCultural
Wewatoni, ii, vi
Kadhapuk1991 (sèsi ka-15)
PéranganingKukuban Candhi Barabudhur
Angka592
Péhak Praja Indonésia
LaladanAsia Kidul-Wétan
Barabudhur kapernah ing Jawa
Barabudhur
Pernahé ing Jawa
Barabudhur kapernah ing Indonesia
Barabudhur
Barabudhur (Indonesia)

Barabudhur (éjaan Indonésia: Borobudur) iku papan pamujaning para pandhèrèk Buddha Mahayana saka abad ka-9 kang kapernah ing Kabupatèn Magelang, ora adoh saka Munthilan, ing Jawa Tengah, Indonésia. Papan iku minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat.[1][2][3] Papan pamujané dhapur tlundhag (platform) sungsun sanga: kang enem wangun pasagi lan kang telu wangun bunder, mawa stupa panunggul ing pucuk-tengahé, lan rinenggan panil rélièf cacah 2.672 dalah reca Buddha cacah 504. Stupa panunggulé dikupeng reca Buddha cacah 72 kang sabené mapan ing sajeroning stupa kang bolong-bolong.[4]

Kaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata, rancanganing papan pamujan iku linambaran tata yasan (arsitèktur) Buddha-Jawa kang nyarubaké anasir kapitayan memuja leluhur kang Indonésia lugu karo kapitayan nggayuh nirwana kang saka agama Buddha.[3] Papan pamujan iku ngatonaké prabawaning kagunan saka Gupta ing Indhia[5] tur akèh adegan saha anasir Indonésia lugu, mula njalari Barabudhur nyirèni Indonésia banget.[6][7] Yasan Barabudhur minangka papan pasraman lan paran jiyarahing para pandhèrèk Buddha. Laku jiyarah kawiwitan saka pérangan ngisor turut lurung kang ngubengi yasan, tumuli munggah nganti pucuk ngliwati telung tataran kang nglambangaké kosmologi Buddha: Kamadhatu (jagat kekarepan), Rupadhatu (jagat wewujudan) lan Arupadhatu (jagat tanpa wewujudan). Para kang jiyarah kudu ngliwati akèh undhakan lan lurung kang rinenggan panil rélièf cacah 1.460 kang ngemu carita ing témbok-témboké (wall) dalah kelir-keliré (balustrade). Barabudhur minangka salah siji papan kang duwé klumpukan rélièf Buddha kang pepak ing sajagat.[3]

Tandha yekti nuduhaké yèn Barabudhur kaadegaké ing abad ka-9 banjur linumbar ora kaopèn bareng karo bubrahing karaton-karaton Hindhu ing Jawa déné wong Jawa wiwit padha ngrasuk agama Islam.[8] Wong-wong sajagat nembé sumurup ananing Barabudhur ing 1814 awit saka pawartaning Thomas Stamford Raffles minangka wong Britis kang kala samana ngerèh ing Jawa. Dhèwèké dikandhani wong-wong enggonan bab ananing Barabudhur.[9] Kawit kala iku, Barabudhur wis ping sawatara kawaluyakaké. Pambudidaya maluyakaké (réstorasi) kang gedhé dhéwé ditandangi pangrèh Indonésia lan UNESCO ing antaraning 1975 lan 1982 banjur Barabudhur kadhapuk minangka salah siji Sasana Pusaka Jagat (World Heritage Site) UNESCO.[3]

Barabudhur minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat sababag karo Bagan ing Myanmar lan Angkor Wat ing Kamboja kang minangka sasana arkéologi gedhé ing Asia Kidul-Wétan. Barabudhur isih dadi papan jiyarah kang misuwur awit saka para pandhèrèk Buddha ing Indonésia ngrayakaké Wésaka (Indonésia: Waisak) ing yasan iku. Barabudhur dadi papan wisata siji-sijiné ing Indonésia kang kerep dhéwé ditekani para wisata.[10][11][12]

  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Guiness
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng JakartaPost1
  3. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng unesco-whc
  4. Soekmono (1976), kc. 35–36.
  5. Rajarajan, R. K. K. "Rajarajan 2020 Borobudur et alii A Note on Place Names in Java". In Pedarapu Chenna Reddy, ed., Heritage of Indian History, Culture, and Archaeology (Festschrift to Dr. M.D. Sampath), vol. II, Art and Architecture. Delhi: B.R. Publishing Corporation (ing basa Inggris).
  6. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng aOtRK
  7. Le (2010).
  8. Soekmono (1976), kc. 4.
  9. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng 3L5mh
  10. Elliott (2003).
  11. Hampton (2005).
  12. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Sedyawati1997

Previous Page Next Page






بوروبودور Arabic بوروبودور ARY بوروبودور ARZ Borobudur AST Borobudur AZ Боробудур BA Candi Borobudur BAN Borobudur BCL Барабудур BE Боробудур Bulgarian

Responsive image

Responsive image